Waspadakna gambar ing ngisor iki!
Pira cacahe bocah ing gambar?
Apa sing ditindakake bocah-bocah ing gambar
dhuwur?
Apa bocah-bocah uga tau omong-omongan
kaya gambar ing duwur
Pasinaon 1
Pasinaon iki ngrembug bab kenalan karo kanca, bab perangane awak, uga gunane perangane awak. Bocah-bocah bakal sinau kanthi bimbingane Ibu utawa Bapak Guru. Gambar-gambar sing cumepak bisa mbantu bocah-bocah supaya luwih gampang olehe sinau.
Saben bocah bisa maragakake carane kenalan, maragakake perangane awake dhewe-dhewe, lan nerangake gunane perangan awak. Kanthi mangkono ateges wis klakon anane pembelajaran kontekstual. Ibu utawa Bapak Guru bakal paring arahan kepriye carane supaya bocah-bocah dadi luwih gampang olehe mangerteni pasinaon iki.
Modhel Teks Pinilih
Ayo kenalan
Jenengku Sulis.
Aku kelas siji.
Kancaku akeh.
Ana sing jenenge Siti, Intan, lan Aqni.
Ana uga sing jenenge Juan, Ircham, lan Arbai
Apa kancamu ing sekolahan uga akeh?
Sapa jenenge?
Ayo kenalan karo kanca-kancamu.
Delengen gambar ing dhuwur!
Tirokna carane kenalan ing WhatsApp group kelas kaya tuladha!
Nulisa siji-siji menyang group WhatsApp kelas 11, kenalna jenengmu marang kanca-kancamu!
Setitekna gambar ing ngisor iki, rungokna anggone maos gurumu, banjur tirokna!
Ibu utawa Bapak Guru bakal nembang bab perangane awak.
Titi larase padha karo tembang “Kucingku Telu”.
Semaken banjur tirokna!
Mripatku loro,
Irungku mung siji,
Rambut ing sirah,
Modhel potong poni.
Wenehana tandha panah saka tembung menyang gambar sing cocog kaya tuladha. Rungokna dhawuhe Ibu utawa Bapak Guru!
Gladhen 3 isine bab aran lan gunane perangane awak. Bocah-bocah bakal sinau kanthi bimbingan saka Ibu utawa Bapak Guru. Bocah-bocah didhawuhi supaya mraktekakegunane perangan awak.
Gambar isih dibutuhake kanggo nyinaoni bab iki. Mula Ibu utawa Bapak Guru bakal ndhawuhi kepriye carane nggunakake gambar kanggo sinau.
Gambar isih dibutuhake kanggo nyinaoni bab iki. Mula Ibu utawa Bapak Guru bakal ndhawuhi kepriye carane nggunakake gambar kanggo sinau.
Rini lagi sinau.
Sinau nulis ing buku.
Rini nulis nganggo potelot.
Nyekel potelot kudu bener.
Potelot dicekel nganggo tangan.
Tangan akeh gunane.
Gunane tangan kanggo nulis, nyapu, nyekel buku, uga salaman.
Perangan awak liyane uga akeh gunane.
Semaken gambar ing ngisor iki, banjur terangna gunane!
1.
Gunane kanggo ...........................

Jenenge Bima.
Umure patang taun.
Bima sekolah TK.
Rini karo Bima pancen rukun.
Bocah loro ora tau tukaran.
Saben dina Rini karo Bima dolanan bareng.
Dolanane ora pareng dirusak.
Rampung dolanan omah kudu diresiki.
Dolanane disimpen maneh ing panggone.
Tujuane supaya gampang yen arep nggoleki maneh.
Dolanane Rini karo Bima akeh lan maneka warna.
Ayo rewangana Rini karo Bima ngitung cacahe dolanane, banjur cocogna karo
angka ing sisih tengene!
Wacanen tembang ing ngisor iki
bebarengan. Ibu utawa Bapak Guru bakal
maringi tuladha carane nembangake. Titi
larase padha karo tembang “Kodhok Ngorek”.
Yen wis padha ngerti, banjur tembangna
bebarengan karo kanca saklompokmu!
Ayo Sinau
Ayo kanca, ayo kanca
Ayo dha sinau
Itung-itung, nulis maca
Nurut marang guru
Siji loro telu papat
Lima enem pitu
Ayo kanca padha giat
Olehe sinau
apa isine tembang ing duwur?
Tirokna bebarengan pangucape tembung ing ngisor iki!
Tirokna bebarengan pangucape ukara
ing ngisor iki!
1. Rini kelas siji.
2. Dimas lagi dolanan.
3. Bu Dewi ibune Rini.
4. Pak Wibawa sare.
5. Tuku buku siji.
Ngingu Kucing Anggora
Rini saiki wis kelas telu. Saliyane sregep sekolah,
dheweke uga sregep ngrewangi wong
tuwane. Nalika prei, Rini tansah
ngrewangi ibune nyapu lan korah-
korah. Kabeh pegawean mau dilakoni
kanthi ati seneng tanpa ngresula.
Mula, ora mokal menawa bapak lan
ibune asih banget marang dheweke.
Ayo nirokake pangucap sing bener!
Semaken tuladha sing diparingi Ibu utawa Bapak Guru!
1. tangan
2. sikil L
3. mata
4. lambe
5. Irung
6. kuping
7. untu
8..rambut
9. pipi
10. dhengkul
11. tutuk
12. alis
13. bathuk
14. gulu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar