URIP RUKUN
Gambar ing ngisor iki setitekna!
Sawise nyemak gambar kanthi premati, coba critakna apa sing ditindakake Bima karo kanca-kancane!
Dhiskusia karo kulawargamu iang ngomah.
Wangsulanmu garapen ing ngisor iki.
1. Gambar sepisan lagi nindakke ..................................................
2. Gambar nomer loro lagi nindakke .............................................
3. Gambar nomer telu lagi nindakke .............................................
4. Gambar nomer papat lagi nindakke ..........................................
Sadurunge maca ayo nembang bebarengan!
Dhondhong apa Salak
Dhondhong apa salak, dhuku cilik-cilik
Gendhong apa mbecak, mlaku thimik-thimik
Adhik ndherek ibu, tindak menyang pasar
Ora pareng rewel ora pareng nakal
Mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh
Kacang karo roti, adhik diparingi
Bocah-bocah, sawise nembang ayo ganti maca.
Teks wacan ngisor iki wacanen sing titi.
Anggonmu maca gatekna lafale utawa pangucapane.
Yen ana sing ora bisa nyuwuna pirsa marang gurumu.
Bapake Bima asmane pak Wibawa.
Ibune asma bu Dewi.
Pak Wibawa ngasta dadi guru SD.
Bu Dewi bukak toko cilik-cilikan.
Tokone manggon ing ngarep daleme.
Dagangane sawernane kabutuhan kulawarga.
Kayata: beras, gula, kopi, teh, lenga klentik, uyah, lan liya-liyane.
Pak Wibawa lan bu Dewi priyayine sregep.
Kabeh pegawean dilakoni kanthi temenan.
Pegawean sing abot ditandangi bebarengan.
Kabeh padha tulung-tinulung.
Rini lan Bima tansah rukun.
Bocah loro ora tau tukar padu.
Saben dina bocah loro budhal sekolah bareng.
Ana ngomah Rini lan Bima wis sinau ngrewangi ibune.
Pak Wibawa yen ana ndalem ya rewang-rewang.
Kabeh tumandang gawe bebarengan.
Wong saomah katon rukun banget.
Saben dina duwe tugas dhewe-dhewe.
Rini ajeg nyapu latar lan nyiram kembang.
Bima senajan isih cilik wis sinau ngrewangi mbakyune.
Bapak lan ibune seneng atine.
Putrane sregep lan rukun.
Saben-saben dhawuh marang putrane.
Urip karo sedulur, tangga, kanca kudu rukun.
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
Kawruh sapala
asma = jeneng
ngasta = nyambut gawe
daleme = omahe
lenga klentik = lenga goreng
dagangan = barang sing didol
ajeg = mesthi
santosa = kuwat
crah = bubrah, pisah-pisah
Gladhen 1: Mangsuli Pitakonan Isine Wacan
1. Sapa jenenge adhine Rini?
jawabane : __________________
2. Saiki Bima kelas pira?
jawabane : __________________
3. Sapa asmane bapak lan ibune Rini?
jawabane : __________________
4. Bapake Bima ngasta dadi apa?
jawabane : __________________
5. Tokone bu Dewi manggon ing ngendi?
jawabane : __________________
6. Apa wae dagangane bu Dewi?
jawabane : __________________
7. Sapa sing ora tau tukar padu?
jawabane : __________________
8. Rini lagi ngrewangi apa?
jawabane : __________________
9. Kapan Bima lan Rini ngrewangi bapak ibune?
jawabane : __________________
10. Wong kuwi kudu rukun karo sapa wae?
jawabane : __________________
Gladhen 2: Mbedakake Pangucape Swara Jejeg lan Swara Miring
Gatekna katrangan ngisor iki!
Swara Jejeg lan Swara Miring
Swara jejeg uga diarani swara sampurna, olehe maca padha karo tulisane.
Tuladha:
1. swara a jejeg = ana, pira, sapa, mara, sega, maca
2. swara i jejeg = iki, kuwi, pipi, siti, rugi, lagi
3. swara u jejeg = luru, guru, biru, maju,tumbu
4. swara e jejeg = sate, kene, jare, kowe, lele
5. swara o jejeg = loro, belo, kilo, ijo, kono
Swara miring uga diarani swara ora sampurna manawa olehe maca owah saka tulisane.
Tuladha:
1. swara a miring = bapak, sekolah, gawe, anak
2. swara i miring = lading, adhik, dhuwit, wis
3. swara u miring = wisuh, weruh, pikun, tarung
4. swara e miring = bebek, golek, menek, tekek
swara e pepet = wareg, wedi, geger, banger
5. swara o miring = adoh, dhondhong, terong
Gladhen 3: Nulis Nganggo Ejaan sing Bener
Bocah-bocah, ing ngisor iki ana gambar. Setitekna, kuwi gambar apa? Ayo tulisen nganggo ejaan sing bener!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar